
Mungkin aku seng ketinggalan opo pancen ora ono :
Jowo Suriname luweh cepet tinimbang Jowo EndonesaH
Sebelum mengeklik link di bawah ini :
- Pastikan pengeras suwara terpasang di komputer anda
- Naikkan sedikit volumenya
- Kemudian klik link di bawah ini :
http://garuda.dahstream.nl/webplayer.html
Thanks Mas Pitek dan Mbak MitaH atas info-nya















jos gandos..yes netes-netes…
keduax!!!!
wah, pitek karo omith janjian numpak pesawat bareng yo?
koq aku gak krungu2 yo?
padahal spikerku wes tak uripke
jajal takonke karo pitik lan mitong ono ora info radio nginternet sing nganggo boso kethek..
radio tapi suarane ngak.. nguk.. ngak.. nguk.. tok
no. 3 & 4….
piye kabare om ?
wah ini pernah aku review di blogku dulu nih…
http://anangku.blogspot.com/2006/11/streaming-radio-bahasa-jawa-dari.html
sing penting comment sik, nyobak radio’ne engko ae. Tak kerjo sik
kemana aja pak pres
neng nggonku ra iso pak, ada req khusus??
nggonku yo gak iso mas..gak ono spikere je
aku yo ora iso. nganggo browser rubah api atau Ie podho wae
bwakkakka
(
gara gara akeh sing ngelink bek ne yo..
moro moro koq yo raiso maneh ngerungok no
padahal nek pas ngasoH.. penak men ..
ngerungok no dagelane basio, lan lagu njowone didi kempot campur rok dut.. *halawh* sembari minum teh anget manis biar tambah manis..
wakakkakakakkakakakakkakkaka
jebul, tibaknya …..
ealaaaa maaasss…
wis telung sasi bulane ndadari, jarene
ndang ngapel konooooo….:D
sing komen no 3 kui basio…
YO’OPO REK TAK SETEL LHA KOK GAK ONOK SUWARANE BLAS BLADAS. YO’OPO CARANE CAK BEN AKU ISOK NGRUNGOKNO SUWARANE SOALE AKU YO KEPINGIN DUWE KONCO TEKO NEGORO LIYO TAPI SIK BOLO DEWE NGONO LO CAK.
Salam kenal… moga-moga sehat selalu
salam kenal buat semua pembaca moga slalu damai di hati
ayo… ayo….. rame – rame ono kene mumpung durung teko kiamate he…..he…..he……he…….
Radio Garuda pancen muantep… lagune jowo enak-enak… salam, Mamun keluarga repatrian Suriname, domosili di Riau
kanggo sedulur-sedulur suriname ayo podo kenalan karo aku. wong jowo sing urip neng tanah jowo.
radio garuda pancen mak nyoooooooos aku saluut lan bener2 menehi apresiasi kanggo konco2 jowo sing nang suriname amergo ngopeni banget karo kabudayaane neng tengahe serbuan badaya2 barat.
HMM iki biso gawe ati ayem tentrem amargo aku yo adoh soko tanah kelahiranku.Biso nggo tombo kangen.Matur suwun sanget RADIO GARUDA
Aku nggoleki sedulurku/trah silsilah soko mbah PRAWIRO DIHARDJO lan mbah SOERODIMEDJO miturut critone biyen yo budal menyang Suriname .Biso ngubungi aku ing didik_irianto2002@yahoo.com . matur suwun sanget dumateng RADIO GARUDA SURINAME
radio garuda pancen apik tenan
Ass.Wr.Wb.
mugi sedulur sedoyo angsal penguripan ingkang langkung sae wonten mongso ingkang katah cecoban saking Gusti Alloh ingkang murbeing dumadi.
Nuwun sewu, kulo kawulo alit, sugeng tetepangan. Mugi saget dados sedulur ingkang saget asah, asih lan momong…..nuwun.
kulo anggadahi lagu jawi karangan kulo piyambak. sampun dados rekaman MP3, kados pundi caranipun upload dumateng radio GARUDA…….DA…….DA……DA…..Nuwun….
Pambuka
Buku iki, isine dudu alat sing gumatok utawa patokan mati kang duwe maksud sapa wae kang gelem, akeh kabagian urip sajati. Ing donia iki, lan pepenginan menawa nek wis tiba wancine tumeka bisa nampa “kasampurnan jati”, laku sing ora kemudu kudu, luwih ora bener, menawa dadi pedoman utawa patokan kang ana ing buku iki (didadekna koyo patokan, paugeran, apa maneh dadi dogma).
Buku iki isine mung menehi tuntunan kepriye menungsa bisa meguru marang guru sejatine dhewe, yaiku uripe dhewe, utawa rokh-e dhewe (his or her own soul).
Kang kudu dinut dening pendakwong yaiku tuntunankang paling becik saka uripe dhewe.
Urip sing bisa nuntun sing paling becik (beciking becik) lan paling bener (benering-bener) tumrap pendak menuungsa, kang sifate pribadi amarga urip kuwi kang asale saka Maha Urip, yaiku Gusti kang Maha Tunggal (urip kang ngalimputi, ngobahake lan nguwasani jagad raya saisine) lan yo mung urip, kang mengkone bali (kudune) marang Gusti kang Maha Tunggal.
Urip kang mangerteni, apa lan kepriye ragane (menungsa) pendak wektu kudu tumindak sak semongso isih ana ing donia, kareben tansah ing swasana Bagia Sejati.
Bagia sejati iku humong ana ing rasa sing kita alami, kang tansah owah gingsir.
Menawa kita nindakake urip lan panguripan ing dunia iki nurut dalane urip, mula kita arep ngalami urip lan panguripan kita kang tansah kalimpudhi dening rasa bagia kang sejati.
Mulane “mlakune urip” kita, ora kakal nyimpang saka saindering urip dhewe (the life cycle), tegese kita ora gowo sang urip ben gampang saka kelakune kang kudune digayuh, yaiku Gusti (Tuhan) banjur ana ing donya dadi siji karo raga sak banjure lepas karo rogo,lan langsung bali menyang asale yaiku gusti kang Moho Tunggal tanpa kudu nunggu yutaan tahun.
Ora setithik menungsa kang urip saiki, ing jaman kang dikandakake maju, modern, amarga dicukupine kabeh kebutuhan materiale, uga kabutuhan emosionale, ananging kelangan rasa bagia kang seejati. Pol – pole yomung dirasakake sedhela, sak banjure ilang lan golek seneng meneh, lan seteruse.
Ora setithik para keluarga kang kelangan harmonise, serasine, kebagiaan ing jero keluwarga opo kang kaidham-idhamake kabeh wong ing wektu kepengin mbangun keluwarga.
Kabeh mau, amarga menungsa nglalekake menawa ing njero awake ana urip (rokh, soul)e. tanpa urip, kabeh samubarang muspra lan ora nduweni rega maneh.
Wis nyoto nek menungsa rumangsa tetep duweni pepinginan, lan uga duweni usaha nindakake sesambungan karo Gustine (Tuhan)ne ananging kabeh kang ditindakake, mlenceng adoh saka sesambungan kuwi. kabeh tindak-tanduke, sing dadi patokane yo rung akal pikirane dhewe, kang dadi patokan, apa kang dianggep dheweke becik lan bener ora gelem weruh, apa kang sak tenane becik lan bener. ora gelem weruh, apa kang sak tenane becik lan bener marang dheweke miturut Gusti (Tuhan).
Kanthi njalani laku kasampuran manunggal kinauteran sarwo mijil, menungsa tansah katuntun diwenehi weruh, apa kang becik lan bener kanggo tumindake dheweke, pendak wektu, sing menehi weruh, uripe dhewe amarga yo mung urip kang bisa nangkep karsane Gusti ing pendak wektu.
Buku iki, isine gegambaran bab kepriye njalani laku kasampurnan iku, dudu kanggo pedoman (patokan) lan ora kudu kon percaya. Menawa menungsa wis njalani, dheweke arep entuk pengalaman lan bukti-bukti dhewe. dadi, nek percaya, amarga ngalami, mbukteake lan ngrasake dhewe.
Buku iki kasusun, kanthi landesan karepe penulis “ngangsu” (nimba) saka sumbere, yaiku Romo Herucoko Semono. Rata-rata meh pendak minggu, mataun-taun, tansah ”sowan” (ngadep) kanggo ngangsu “pangerten” bab laku kasampurnan iki, yo wis mesti ditambahi pengalaman ngayati lan ngamalake laku iki puluhan tahun lan pengalaman sing ngamati lan momong maewu-ewu wong kang podho-podho ngayati laku iki (kasebut “kadhang”). dadi, nek ana “kadhang” sing nduweni wawasan liya, kuwi wajar, lan kuwi dadi hak-e. Luwih-luwih menawa kang dikandakake yaiku pengalaman pribadine. mula penulis ngupaya, nulisake buku iki cara umum tanpa nglebokake pengalaman kang sifat banget pribadi.
Kebeneran uga, “dawuh” lan wulang wuruk (ajaran) saka Romo Herucoko Semono kang kawedarake ing kene, sifat umum dudu dawuh kang sifat kanggo pribadi penulis.
Wis sak mestine, penulis tetep nyadari , yen laku iki, menawa katulis kabeh, yen nganti segara kaganti dadi mangsi ora cukup kanggo nulisake ( “sanajan banyu kabeh segara dadhi mangsi, ora cukup kanggo nulis kabeh dhawuh).
Ka bayang –ke wae, dhawuh-dhawuh Romo Herucoko Semono wae sing piyambake lakoni luwih saka 25 tahun, esok, awan, mbengi saka 1955 nganti 1981 .tangeh lamun bisa nulisake kabeh?
Sabanjure, penulis ora njaluk ben tulisane dipercaya, dibenerake apa dedadekake pedomann. Penulis gawe buku iki, amarga saka panjaluke wong akeh, mataun-taun. dadi, netepi pepenginan wong akeh, penulis nyoba gambarake laku kasampurnan manunggal kinantenan sarwo mijil. Kang saktenane kuwi apa lan kepriye njalani kang becik lan bener. uga murni tanpa kacampur aduk karo laku utawa ilmu liyane, amarga saka kepentingane menungsane dhewe-dhewe.
Tumrap kang rumangsa ora cocok karo tulisan iki, mestine aja dieling-eling meneh lan dianggep wae ora tau maca buku iki, tumrap kang cocok mangga menawa dienggo.
Penulis ora kabotan menawa buku iki difotokopi ning aja disalin. Wedine menawa salah sing nyalin njerone isi tembung-tembung kang sak temene gaib. nek sak tembung wae diowahi, bisa muspro, ora migunani blas.
Penulis wani gawe buku iki, amarga ajaran (paringan wulan lan wuruk) Romo Herucoko Semono inim wis resmi dipaparake ing ngarep kabeh instansi tingkat pusat pamarintah RI. Para cendekiawan saka warna-warni universitas, para tokoh, wakil agama-agama. lan wis enthuk piagam. Tegese wis resmi kena dikayati lan diamalake ana ing wilayah hukum RI.
Kabeh mau ora mung kanggo para penghayat kang ing luar negeri (nganti buku iki digawe laku iki wis dikayati lan diamalake oleh maewu-ewu wong manca ing 19 negara).
Jakarta, ……………..1993
Penulis
RAHAYU….., RAHAYU KANG SARWO PINANGGIH,
Bener pancen sing diaturake ing duwur
Dadi wong urip pancen kudu ngerti patrap lan lungguhing urip.
Ojo amung urip-uripan, rumongso urip, nanging ngertio marang patrap lan lungguhing urip. Syukur2 iso mangerteni marang lakuning urip lan rasaning urip.
Dll
Nuwun sewu” menawi condro mami meniko sasab:Manuso gesang kedah manembah wonten Ngarsane Gusti Alloh ,Sjatine manembah ingkang sae wujude Sholat.Amargo laku iku sejati tunggal manunggalle lahir lan bathin kang nyawiji amesti kawula sowan marang Pangeranne. Ojo owah ing pabukane kalbu ora ono wujud opo opo yo mung wujud cahyo kang gumilang padange terange ngeluwihi sang Bagaskoro,koyo urip tanpo napas lan dahar amung dahar asmane kang gawe urip rinambalan tanpo pedot ing cipto.
menawi badhe pados bukunipun dateng pundhi.. Slam asih,asuh..
Nyuwun agunging panggapunten menawi meniko mboten dados renane pengalih sedulur,”Kados ipun condro poro sesepuh menawi dinten meniko sampun dugi jamanne tahun “DHO. Dados pepenget kito sedoyo ‘kedhah langkung ngatos-atos lan waspodho tuwin eling….
Kulo wonten tanah sebrang riau
Jaman edan !!,” Ingkang dipun ramalaken Ki Ronggowarsito sak meniko kelampahan. Monggo poro sedulur dipun condro kahanan meniko pejabat sing jare pinter ning ora duwe budi,rakyat sing pininggit budine sak meniko wis luntur amergo tulodho pejabat ing sing ora duwe budi. Monggo sedulur kedhah gulowenthah atmojo kito”1. Suci saliro,2.Suci Iman,3.Laku utomo “mbok menawi mangkih atmojo kito dados pejabat berbudi dados tulodho…Maturnuwun.