
Ayo pro konco … dino iki aku pengen ngejak konco-konco nyumbang buku kanggo sedulur-sedulur liyane seng ra kumanan buku.
Mbiyen jaman es-de tau duwe buku seng isine cara-carane moco, buku carane ngitung, buku carane nulis, utowo buku-buku ensiklopedi pengetahuan, lah ! saiki buku-buku iku nang endi ? yen wes diloak’ke … yo wes, yen wes diwareske nang sedulur … yo wes, nanging yen isi ndongkrok neng lemari – ngebak-ebak’i panggonan … lah iku seng kudu ati-ati …. !
Jaman es-em-pe, panjenengan mungkin tau ngoleksi komik-komik seng nyenengake koyo to : komik supermen, komik sepidermen, komik betmen, utowo komik-komik jagoan soko Jepang seng matane sipit-sipit nanging pas mangap cangkemme ombo banget …
Nah ! saiki komik iku nang endi ? wes diwareske opo ijik neng njero kerdus ngisor amben ?
Trus jaman es-em-a, sampeyan pernah tuku majalah2 olahraga, majalah mancing, majalah otak-atik variasi lan asesoris motor, utowo buku-buku seng ono hubungane karo hobi kesenenganmu, hobi elektronik (otak-atik sirine utowo radio HT), hobi munggah gunung, lan liyan-liyane …. Saiki buku-buku ini nang endi Bro ? diwareske opo disimpen ?
Trus jaman kuliah, mungkin tau tuku buku-buku tokoh2 terkenal, buku tentang cara kuliah seng apik, buku carane gawe proposal penelitian, buku-buku motipator, ato buku-buku bab organisasi neng kampus lan masyarakat ….
Sedulur kabeh … umpomo buku iku isih numpuk neng omah ora kanggo … Aku ngajak … ayo podo disumbangke marang sedulur liyane seng durung sempet moco buku iku. Lumayan kanggo ngamal jariyah.
Contone jenengan duwe buku bab gawe kandang pitik. Trus disumbangno nang perpus ndeso, trus diwoco karo pemuda-pemuda neng kono, trus dipraktekno, trus pemuda iku dadi iso duwe usaha lan penghasilan, iso nambahi kebutuhan keluargane …. lah ! jenengan lak kecipratan pahalane … Istilah MLM : pasip inkom.
Sopo ngerti panguripane jenengan lebar nyumbang buku dadi enteng … enteng jodoh, enteng rejeki, lan enteng liyan-liyane … seng jenenge perwujudan pahala kan macem-macem …
Trus carane nyumbang piye ?
Gampang Mas, gotong wae buku-buku iku nang Bunderan HI eng dino Jumuwah jam sepuluh bengi. Mengko bakal ono bolo-bolo seng nampani lan nyalurake buku-buku iku.
Gampang to ….
Yen pengen moco situs resmine ono eng [http://1000buku.dagdigdug.com/faq/]
potrek dijumux soko [kene]















Wah bener mas kuwi hehe